POCUNG
Hurip iku, ora luput saking satru;
Satru TRIPRAKARA;
Donya, setan lan pribadi;
Lamun lulus manungsa dadi utama.
Donya iku;
Kaperang dadi tetelu;
Bandha kenya pangkat;
Yen katut temah billahi;
Donya rugi akherat bakal cilaka;
Kenya iku;
Paesan pantes dinulu;
Lembut lageyannya;
Yen mesem andudut ati;
Tan prayitna si priya bisa kagodha.
Pangkat iku;
Okeh kang padha kumudu;
Oleh panguasa;
Mung padune duwe melik;
Lena yitna pungkasan dadi rubeda.
Hurip iku, ora luput saking satru;
Satru TRIPRAKARA;
Donya, setan lan pribadi;
Lamun lulus manungsa dadi utama.
Donya iku;
Kaperang dadi tetelu;
Bandha kenya pangkat;
Yen katut temah billahi;
Donya rugi akherat bakal cilaka;
Kenya iku;
Paesan pantes dinulu;
Lembut lageyannya;
Yen mesem andudut ati;
Tan prayitna si priya bisa kagodha.
Pangkat iku;
Okeh kang padha kumudu;
Oleh panguasa;
Mung padune duwe melik;
Lena yitna pungkasan dadi rubeda.
![]() | |
Leganana Brantaning Pun Kakang Yayi.... |
Supri Boca Ndesa
*Tuak Daun Merah kota Kupang 7 10 2014
*Tuak Daun Merah kota Kupang 7 10 2014
Tidak ada komentar:
Posting Komentar